Indramayu, Suarajurnalis – Bismillahirrahmanirrahim,
Tanbihun tan keno ora wong nejo ngibadat
Arep mepeki sekeh rukun lan syarat
Sekeh rukun lan batale weruho dihajat
Sucine banyu wajib dihimat
Utawi banyu kang sah ginawe sucine
Iku banyu pepitu warno wilangane
Banyu udan banyu segoro banyu kaline
Banyu sumur banyu sumberan tinemune
Banyu bun banyu burud iku kinawaruhan
Lamon durung paham mongko wajib pitakonan
Barang ngilmu pahame saking guru pituturan
Takono maring ngalim ngadil kapercayaan
Utawi sekehe banyu dibagi warnane
Limang duman yo ikilah partelane
Kang dihin suci nuceaken ing liyane
Ora makruh banyu iku penganggone
Yoiku banyu mutlak pitu wus tinutur
Kapindo banyu suci nuceaken pinilahur
Tetapi makruh penganggone badan masyhur
Iku banyu kang banget panase dicur
Tuwin banget ademe sabab medharati badan
Tan sampurno weroto gholib kinawaruan
Kaping telu banyu suci dhewe kenyataan
Tan nuceaken ing sawiji wiji lian
Iku banyu mustamal anane tinutur
Wus kanggo tinemu ginawe ngecur
Ngilangaken mani’ tuwin chadats ngalebur
Tuwin ngilangaken najis tan owah becampur
Lan orawuwuh timbange sakwuse pisah
Lan malih banyu owah dene suci genah
Lir banyu wedelan sa’upamane kang owah
Lan malih banyu wowohan winarah
Koyo banyu kelopo lan saupamane
Iku banyu kang suci dewe partelane
Tan nuceaken ing sawiji wiji liane
Kaping pat banyu suci nuceaken anane
Tetapi harom penganggone milahur
Sah sarto dosa kelakuhan tinutur
Yoiku banyu dono kerono Alloh masyhur
Cinawisaken ginawe nginum beloko tinutur
Kaping limo banyu keno najis tinamune
Kurang rong qulah tuwin rong qulah anane
Tetapi owah dene najis rasane
Uwin ambune tuwin warno rupane
Utawi aran rong qulah diukur
Wewadah ingkang persagi pati tinutur
Sak asto sak prapatane asto jujur
Jerone lan ambane somo kahukur
Lamon wewadah iku bunder tinamune
Mongko yoiku rong asto jerune
Lan sak asto tinemu ono ambane
Lan ora tinutur timbange banyune
Utawi wong kang sesuci iku kewajiban
Saking kang metu dalan loro (2) tetelesan Kelawan banyu suci nuceaken ing liyan
Tuwin kelawan atos mbesok kapartelanan
Utawi sekeh fardhu sesuci tinamune
Kelawan banyu telung parkoro wilangane
Kang dihin arep ngilangaken ing rasane
Kapindo ngilangaken saking ambune
Kaping telu warnane najis linebur
Lamon angel ngilangaken mung warno tinutur
Atowo angel muhung ambune tan lebur
Mongko dimaafaken sabab ngudzur
Ora maaf lamon meksih najis rasane
Atowo kumpul ambune lan warnane
Iku ora dimaafaken hukumane
Kerono meksih kongang gampang sucine
Iku wong ngilangaken najis qubul lan dubur
Tuwin ngilangaken najis liyane iku dicur
Tan sah kelawan watu nuceaken milahur
Saking najis liyane dalan loro (2) tinutur
Wenang sesuci kelawan watu tinamune
Lan sak upamane kang atos sucine
Kang kasap dudu muhtarom aking nyatane
Kelawan syarat metu saking dalan lorone
Ojo aking ora gubras kinawaruhan
Lan ojo ngalih saking metune panggonan
Lan ora katekanan saking sak wiji wiji liyan
Lan malih syarate mali ping telu gesutan
Kelawan digesut watu siji kiwo tengene
Atowo watu tetelu kang tinemu sucine
Lamon durung bersih nyoto kedhohirane
Mongko wajib wali wali sampurnane
Utawi sekeh syarat syah wudhu tinutur
Lan adus iku sangang parkoro becampur
Kang dihin islam kapindo tamyiz jujur
Kaping telu ngawaruhi fardhu penggawe pinilahur
Kaping pat banyu suci nuceaken ing lian
Kaping limo ojo ono ning kedhohiran
Nyegah tekane banyu ing kulit kenyataan
Kaping nem kekel niate ming kebatinan
Tumeko maring akhire sampurnane
Kaping pitu ojo ono ngowahaken tinamune
Tekane banyu maring kulit temahane
Kaping wolu mili banyu teko badane
Kaping songo putus getih haid nifad wiladah
Utawi sekeh fardhune wudhu nenem winarah
Kang dihin niat enggone ing dalem manah
Niat ingsun angilangaken khadas lah
Wajib dibarengaken niat tinamune
Kelawan wiwitane masuh juz rahine
Kapindo masuh rahi warata nyatane
Khade rahi nggon cukul rambut kepalane
Tumeko ngisore janggut dawane winarah
Ambane saking pentil kuping sasisih lah
Maring kuping sasisih wus kapernah
Kaping telu masuh tangan karo winarah
Tumeko maring sikute karo banyune
Kaping pat ngusap satengah kepalane
Kulit tuwin rambut tan kawetu tinamune
Saking hade sirah rambut dawane
Kaping limo masuh suku karo milahur
Tumeko maring poloke karo banjur
Kaping nem urut-urut koyo ngarep tinutur
Ikulah wus genep nem parkoro masyhur
Utawi kang mbatalaken wudhu warnane
Iku limang parkoro tinemu wilangane
Kang dihin ono metu salah sawijine
Saking kubul lan dubur anging mani walerane
Kapindo turu tan tetep dubur kalungguhan
Kaping telu ilang akale mendem tuwin edan
Tuwin ayan tuwin kalenger sabab kelaran
Kaping pat kegepokan tan aling-alingan
Kulit lanang wadon ghoiru mahrom nyatane
Kang wus tumeko hade syahwat birahine
Ngumur nem tahun tuwin pitu gholib anane
Tumeko ingkang dadi tinemu kapinginane
Kaping limo nggarap dzakar tuwin farji wadonan
Tuwin under-undere dubur kelawan kebatinan
Epek-epeke tuwin deriji kang katangkeban
Dene epek-epeke karo tan katingalan
Anggarap dzakare dewe tuwin ing liane
Tan batal digarap dene wong lia anane
Tan batal nggarap ing kebo sapi farjine
Ikulah wus genep lelimo wilangane
Nyoto wajib ngawaruhi wong ngibadat
Ning waride panggerane hukum syareat
Supoyo syah ngibadat munfa’at akhirat
Lamon teksir bodo mongko gede maksiat
Utawi kang dadi sabab kewajibane
Ing dalem adus iku lelimo perkarane
Kang dihin adus janabat namane
Sabab jima’ tuwin metu manine
Kapindo sabab mati iku ingedusan
Liane wong mati syahid lan kangudzuran
Iku sekuthu lanang wadon kinawaruhan
Kaping telu haqe wong wadon linakonan
Sabab hed kaping pat nifas namane
Kaping limo wiladah sak wuse bayi metune
Utawi aran haid ning syarak panggerane
Iku getih kang metu saking wadon farjine
Wus ngumur sangang tahun wewilangan
Kedike haid sedino sewengi kalumpukan
Kehe limolas dino wengine becampuran
Kaprahe nem dino tuwin pitu kuwarasan
Kedike suci haid loro (2) antarane
Iku limolas dino sarto wengine
Tan nono hade ing kehe kuwarasane
Tinemu banjur luwas getih temahane
Utawi aran nifas kang wus masyhur
Iku getih sawuse wiladah metu banjur
Kedike nifas sak naliko tinutur
Kaprahe patang puluh dini waras jujur
Kehe sewidak dino kuwarasan
Anapon wong adus wiladah tinamune
Mongko gholibe tan kongsi adus nyatane
Sabab nerutuli getih nifas miline
Utawi sekeh fardlune adus bersihan
Iku tinemu telung parkoro wilangan
Somo adus wajib tuwin kasunatan
Kang dhihin niyat ing dalem kebatinan
Niyat ingsun ing nekani adus wajib njegur
Iku sah ginawe niyat nejo milahur
Janabat haid nifas wiladah tinutur
Wajib diparengaken niyat jujur
Nyartani nekani banyu ing satengah badan
Rahi tuwin liyane iku kacukupan
Shah parenge niyat ing dalem kebatinan
Kapindo merataaken banyu kenyataan
Maring sekeh kulit badan lan rambut
Kaping telu ngilangaken najis kagesut
Kelawan banyu lamon ono najis kasebut
Ikulah wus genep tetelu arep emut
Utawi harome sabab hadas cilik anane
Iku limang parkoro dhihin shqlat mahane
Kapindho thowaf baitullah mekah nggone
Kaping telu khutbah jum’ah dadi rukune
Kaping pat iku anggarap muschaf qur’an
Kaping limo nanggung muschaf ingaranan
Anging wenang anut ing bondho kenyataan
Ikulah wus genep lelimo wilangane
Utawi harome sabab janabat anane
Iku wolung parkoro wewilangane
Barang kang harom sabab hadas tinemune
Yo iku limo wus kasebut partelane
Kaping enem moco qur’an nejo ning kebatinan
Anging ora harom nejo ngalap barkahan
Moco bismillah awit gawe kabecikan
Lan moco alhamdulillah gawe kasyukuran
Lan moco innalilaahi naliko bilahi medlarat
Kaping pitu meneng dalem masjid dihajat
Ugo partelg ora ngudzur ora dlorurat
Kaping wolu mider-mider ning masjid kahimat
Utawi harome sabab haid tinutur
lan nifas lan wiladah harome becampur
Yo iku sewelas parkoro iki tinutur
barang kang harom sabab janabat masyhur
Wolung parkoro wus kasebut partelane
kaping songo puoso tetapi wajib qqdzone
Ora wajib oodzo tinggal sholat tinemune
kaping sepuluh njaluk pegat saking lakine
Kaping sewelas istimta’ dihajad
antarane wudele lan jengkune ngurat
Sumowono jima’ partelo maksiyat
wajib ngawaruhi panggerane syarengat
Utawi sekeh syarat syah tayamum anane
Telung parkoro kang dhihin ngudzur nyatane
Sabab lara badan tuwin sepi banyune
Kapindho sawuse manjing sholat wektune
Aping telu lebu suci nuceaken kenyataan
Somo wenange tayamum shah linakonan
Sabab hadas gede tuwin cilik ingenggonan
Terkadang tayamum iku shah kewajiban
Sabab tentu dadi syarat shah lakune
Ing dalem sholat tan nono dalan liyane
Sekeh rukun tayamum limo wilangane
Kang dhihin naqlutturobbi tinamune
Tegese alih-alihan lebu saking panggonan
Kapiindho niyat ing dalem kebatinan
Niyat ingsun ing wenangno sholat fardlan
Atowo niyat barang kang karep tayamuman
Diparengaken niyat kelawan naql lebune
Kaping telu ngusap rahi weratane
Kaping pat arep ngusap tangan karone
Tumeko sikute karo weroto lebune
Kaping limo ngusap rahi nuli tangan
Sekeh batale tayamum tetelu wilangan
Kang dhihin barang kang dadi batal karusakan
Ing wudlu limang parkoro wus kapartelanan
Kapindho nemu banyu durung sholat lakune
Atowo tengahe sholat gholib iku nggone
Ono banyu longko dalem ora anane k
Aping telu murtad kufur batal imane
Lan wajib tayamum saben fadlu linakonan
Lan sholat sunat sekarepe kawenangan
Tuwin fardlu kifayam mayit kasholatan
Tayamum sawiji iku shah kinawaruhan
Tanbihun 2
Tanbihun tan tinemu sucine wong ngibadat
Anging ngawaruhi hukum najis d1hajat
Kang dadi sabab hasil sucine sholat
Akeh bodo teksir tinggal pepek syarat
Satengah warnane najis kapartelanan
yoiku saben kang mendemi kinawaruhan
Mayi’ ajur koyo sajeng kenyataan
lan suci kang atos mendemi pinangan
Lam warnane malih getih najis tinemune
lan nanah lan utah-utahan metune
Saking njero wetenge lan najis tahine
lan uyuh lan madhi lan wad1 namane
Lan banyu susune hewan harom pinangan
anging manungso iku suci halal kenyataan
Lan juz tugel saking hewan kahuripan
liane anak adam iku najls hukuman
Anging wulune hewan halal kedagingane
Ku sljci inglikuman wulune
Utawi sekeh hewan suci hukumane
Anging asu lan celeng lan kang metune
Saking karone atowo salah sanunggalan
Sarto hewan kang suci lelakenan
Iku anake najis tinemu ngukuman
Sekabehe bathang najis kinawarljhan
Anging iwak lan walang lan manljngso telune
Iku suci iwak malang halal karone
Lan harom mangan ing manungso kedagingane
Utawi sekeh mani hewan hukumane
Iku suci anging asu celeng kenajisan
Sekehe ndok suci halal pinangan
Anging endoke hewan nduweni upasan iku
Najis nyoto harome pinangan
Pemansuhe ing sawiji-wiji tinemune
Keno najis iku sapisan kacukupane
Sawuse bersih syarat dicur banyune
Masuhi ing sawui-wiji kenajisane
Asu celeng iku kaping pitu wilangan
Salah sawijine sarto lebu becampuran
Ikulah pemasuh sartu ingaranan
Masuh najis hukmi mung banyu teko panggonan
Utawi sekehe sholat kewajibane
Iku limang wektu kang dihin dhuhur nyatane
Awite wektune gingsir serngengene
Saking tengange beduk pote tinemune
Somo sadedek sawlji-wiji wayangan
Liane wayangan tengange kinawaruhan
Naliko ono wayangan kang katinggalan
Perek manjing wektu ngasar kawitan
Kapindo wektu ‘ashqr wiwitane
Iku wuwuhe saking wayangan saupamane
Koyo kang wus kasebut ngaret partelane
Pote iku surup serngege nyatane
Kaping telu wektu maghrib kinawaruhan
Yoiku awite surup serngenge kenyataan
Surupe mego abang tan katinggalan
Iku pote wektu maghrib kapariksanan
Kaping pat wektu ‘isya nomo tinemune
Awite iku mega abang surup nyatane
Pote iku fajar sidik ono tengerane
Mego malang ireng putih becampurane
Kaping limo iku wektu subuh ingaranan
Yoiku awite fajar sidik kinawaruhan
Pote iku metu serngenge kenyataan
Ikulah wus genep limang wektu wilangan
Partelane solat dzuhur patang reka’at
‘Ashor patang reka’at wajibe sholat
Telung reka’at maghrib panggerane syare’at
Isya papat subuh rong reka’at kahimat
Utawi sekehe syarat kewajibane
Ing dalem sholat limang wektu tinemune
Yoiku patang parkoro wewilangane
Kangdihin islam tan wajib ing dunyane
Kafir asll tetapi sinikso ning akherat
Tinggale sikafir kewajiban sholat
Kapindo baligh ora wajib dihajat
Ingatase rare ora dadi ma’siat
Tinggale sholat tetapi wajib waline t
Tuwin kegentine arep akon tinemune
Ing rare sholat ngumur pitung tahljne
Sarto wajib meruhaken ndingin ilmune
Ugo wus tamyiz rare iku tinutur
Wajib mukul ing rare sepuluh tahun ngumur
Tilar sholat pinukul ugo ora jujur
Lamon tinggal siji syarat tan nono ngudzur
Kaping telu ‘aqil ora wajib sholat
Ingatase wong akale tinemu kapecat
Sabab edan tuwin mendem tan dihajat
Lamon mendem dimoho mongko wajib sholat
Koyo wajibe sholat wong murtad anane
Kaping pat tan haid nifas wiladah sepine
Ora wajib sholat wong haid kangudzurane
Lan wong nifas wiladah somo hukumane
Ikulah wus genep papat tinitur
Sekeh syarat kewajibane sholat masyhur
Arep itimad ing wong kang sidik ptutur
Ngawaruhi ing panggeran syara’ kang jujur
Utawi sekeh syarat syah tinemune
Ing ndalem sholat iku songo parkarane
Kang dhihin islam kapindo tamyiz nyatane
Kaping telu ngawaruhi kaifiyat fardlune
Kaping pat ojo neqodaken ing syari’at
Parentahe fardlu iku ingaranan sunat
Kaping limo arep ngawaruhi dihajat
Ing panjinge wektu ingdalem sholat
Yaqin atowo dhon kelawan ono panggeran
Kaping nem warnane ngurat katutupan
Aurat wong lanang lan amat tinukunan
Iku antaranewud&le ojo katingalan
Lan antarane jejengkune karone
Ngurate wong wadon mardiko tinemune
Iku sakabehe badan anging rerahine
Lan epek-epekke karo dhohir batine
Kaping pitu madep qiblat dodo katujunan
Ingaine ka’bah yaqin perek katingalan
Lan dhone ati kelawan adilah kasartanan
Ingatase wong sholat adoh panggonan
Saking ka’bah anut ing mujtahid pituwane
Tingatase wong tan ahli mujtahid nyatane
Kaping wolu arep ono suci badane saking
Hadast gede lan cilik hukumane
Kaping songo suci dodot lan badan
Lan nggone sholat saking najis tan gepokan
Ora syah sholat siji syarat katinggalan
Kang nyoto tan dlorurot tan nono kangudhuran
Utawi sekeh rukune sholat tinemune
Iku wolulas kang dihin niat atine
Ugo wajib ngawaruhi niat partelane
Kapindo takbirotul ikhrom nyatane
Wajib diparengaken anane ati niat
Ning wiwitane takbirotul ikhrom sholat
Kaping telu ngadek lamqn tinemu kuat
Kaping pat moco fatihah dihajat
Kaping limo ruku’ kaping nem tumo’ninah
Kaping pitu i tidal kaping wolu tumo’ninah
Kaping songo sujud sepuluh tumo’ninah
Kaping sewelas iku arep tinemu lenggah
Antarane sujud loro kinawaruhan
Kaping rolas tuma’ninah meneng badan
Kaping telulas lungguh takhiyat wekasan
Kaping pat belas takhiyat wewacanan
Kaping limolas moco sholawat tinamune
Atas kanjeng nabi ning takhyat akhir nggone
Kaping nembelastartiburut-urut artine
Kaping pitulas nuli-nuli rukun qosir nggone
Kaping wolulas moco salam kewajiban
Kang awal salam kapindo kasunatan
Ikulah wus genep wolulas wilangan
Noleh aweh salam iku sunat kelakuhan
Rukune sholat wolulas wilangane
Iku dibagi telung duman tinamune
Kang dihin bqngsq ati panggonane
Yoiku sawiji beloko niyat atine
Kapindo iku bongso lisan tinutur
Yoiku lelimo takbirotul ikhrom jujur
Fatikhah tahiyat sholawat becampur
Moco salam sampurnane sholat milahur
Kaping telu bongso badan rolas rukunan ngadek
Ruku’ tumaninah i’tidalan
Tuma’ninah sujud tuma’ninah lenggahan
Antarane sujud loro tuma’ninah lenggahan
Takhiyat akhir tartib mu’alat dihajat
Weruha inggone tartib lan mu’alat
Tan nono kang lu1h angel rukun diangkat
Tinimbang bongso lisan binahune mesyakat
Ikulah arep diseksekno temenan
Maring ‘alim ‘adil benere kawulangan
Yen wus bener mongko nljli kaseksenan
Ikulah ojo isin sabab tekaburan
Binahu ing benere wacanan fatikhah
Takhiyat sholawat kang wus winarah
Dadiyo sasab shoute nyoto shihah
Temah ikhlas tho’at ]ng alloh ning manah
Iku bener wong sholat mepeki syarat
Sawuse sah iman pepek syarat kahimat
Ojo tiru ing kang wus kelaku anut ‘adat
Teqsir batalan kurang syarat tilar syari’at
Utawi sekeh syarat niat tinamune
Iku limang parkoro kang dihin ning atine
Kapindo islam kaping telu tamyoz nyatane
Kaping pat diparengaken ning wiwitane
Takbirotul ihrom sakuasane milahur
Kaping limo ngelanggengaken niat jujur
tumeko sampurnane sholat tinutur
Syarate ngadek arep ono gegere jujur
sekeh syarat takbirotul ikhrom tinamune
iku pitung parkoro wewilangane
kan dihin ngarekso sekehe aksarane
arep bener makhrqje huruf ning lisane
kapindo ngarekso ing tasydide tinutur
Kaping telu ngarekso sekeh i’robe jujur
Kaping pat ngarungu ing suarane tan ngudzur
Kaping limo moco kelawan ngadek jujur
Kaping mem tertib urut – urut ma’nane
Kaping pitu nuli-nuli wewacane
Ikulah wus genep pitu partelane
Arep faham ojo tinemu kateqsirane
Utawi sekeh syarat fatlkhah wilangan
Iku wolung parkoro kapartelanan
Kang dihin ngarekso sekeh huruf kabeneran
Kapindo rumekso sekeh tasydid tan katinggalan
Kaping telu ngarekso sekeh i’robane
Kaping pat diwoco kelawan ngadek sartane
Kaping limo arep ngarungu dewe tallngane
Kaping nem tertib ping pitu nenuli wacane
Kaping wolu fardhune arep kinawaruhan
Syarat sahe rukuk rong parkoro wilangan
Salah sawuine merkungkung kabeneran
Teko epek-epeke mejono kedadehan
Maring jejengkune nggon cecekelane
Kapindo nejo ruku’ arep temurune
Saking ngadek ora kejorong tinamune
Lan kejorong mongko wajib balfne
Utawi syarat sah iktidal kahitung
Iku rong parkoro kang dihin tangi junjung
Saking ruku’ maring ngadek tan bingung
Kapindo ngadek bener ora markungkung
Utawi sekeh syarat sujud tinamune
Iku limang parkoro ono wewilangane
Kang dihin nejo sakingngadek temurune
Maring sujud kelawan ikhtiar nejane
Kapindo kabuko bathuke tan aling-alingan
Kaping telu nelehake kinaweruhan
Ing satengah epek-epeke kebathinan
Lan satengah bath1ne derijine tangan
Lan satengah bathine derijine sukune
Kaping pat ngaluhuraken bokong nyatane
Ngesoraken ing sirahe tinamune
Kaping limo sumeleh bathuke pasujudane
Sak bote sirahe ojo anggang-anggangan
Utawi syarate lungguh kinawaruhan
Antarane sujud lqro iku rong wilangan
Salah sijine nejo tangi ning kebathinan
Saking sujud maring lungguh parane
Kapindo arep bener patrap lungguhane
Ojo merkungkung kedhohirtinamune
Syarat sahe lungguh takhiyat akhir anane
Yoiku koyo syarat lenggah wus kapartelanan
Antarane sujud loro kinawaruhan
Utawi sekeh syarat takhiyat akhir wewacanan
Pitung parkoro tinemune wilangan
Kang Dihin Ngarekso Sekehe Aksarane
Kapindo ngarekso tasydide tan katinggalane
Kaping telu ngarekso ing sekehe i’robane
Kaping pat tertib urut-urut wacane
Kaping limo muwalat nuli age-agean
Kaping nem lungguh kaping pitu ngarungu wacanan
Ikulah arep titi syarat kaperekan
Ngalindung ing alloh saking kesalahan
Utawi sekeh syarat sah moco sholawat
Iku koyo sekeh syarat moco takhiyat
Takhiyat lan sholawat kang akhir kahimat
Tan bicoro takhiyat awal ingkang sunat
Lafadz takhiyat wajib iku kang di’amal
Diwoco ning takhiyat awal sunat kawical
Kaduwe wong nejo moco takhiyat awal
Wong moho moco salah ing sholat dadi bathal
Utawi sekeh syarat moco salam anane
Iku nem parkoro wilangan partelane
Kang dihin ngarekso sekeh aksarane
Kapindo ngarekso ing sekeh i’robane
Kaping telu muwalat kaping pat wilangan
Arep ngarungu dewe ning talingan
Kaping limo moco salam lungguh kabeneran
Kaping nem rumekso tasydide winewehan
Lan ono lam tarif kedhohirane
Ikulah wus genep nem parkoro wilangane
Tan keno ora wong ‘ibadah kanti ‘ilmune
Sabab dadi syarat sah tahyat tinamune
Tanbihun 3
Tanbihun ikilah partelane niyate sholat
Ingdalem jero ati cukup di hajad
Murih ringan panutane wajibe syaringat
Akeh ngawan tinggi wajib milahur sunat.
Niyat ingsun ing sembahyang faidiu duhur
Iku neh telat ingkang wus tinutur
Qosod ta’arudl ta;ayun masahur
Qosad artine nejo solat milahur.
Ta’arud nyataake ingati fardune
Ta’ayun arep mentoaken ing wektune
Koyo kang wis kasebut ngarep partelane
Lamun saat sunat mengko ono bedane.
Ora wajib ta’arudl arep kaparatelanan
Lamun sunat mutlaq mongko kosod kacukupan
Tan wajib ta’arudl ta’ayun kasartanan
Ikulah faname niyat arep rinetenan.
Niyat ingsun eng sembayang fardlu jum’ah
Anut ing imam nejane darem manah
Iku wong solat jum’ah ma’mum winarah
Lamun dadi imam jum’ah wong katah
Mongko niyat ngimami dadi panutan
Ikulah wong solat jum’ah kinawaruhan
Syarate ma’mum bisuk kapartelan
Insya Allah Kelawan Allah Tulungan.
Akeh ngurono khilaf ing dalem bab niyat
Perkoro mukrohane takbir di hajat
Ikulah ngawan miliha sahe solat
Anut nguliomo kang gampang lan tepat
Ikilah waride syarat weruho.
Ngandiko ngulamo wajib kinawarunhan
Perenge niyate solat ning kebatinan
Kerono wiwitane takbirotul ikhrom ning lisan
Allah Huakbar lan langgeng ning ati ilingan
Niyate teko akhire takbirotul ikhrom
Iku miliho ing darojate wong ngawam
Arep takiid ing ngulamo agama islam
Qoul ahoif ditut sah ngamal dwam
Yoiku muqoronah urufiah di hajad
Sampurnane niate ati tan lepat
Qosad ta’arut ta’ayun kang dihimad
Nuli takbirotul ikhrom di angka.
Ikulah sah niate wong pada sembahyang
Anut qoul ngulang ahli suni kawilang
Iku muqoranahe niat di ngamal gampang
Hasil ringan sah taquide wenang
Gholib ngawan pada was-was sholat
jero takbirotul ihrom parenge niat
Iku luwih angel temahane dadi lepat
Iku taqlid ing qoul dhoif di hajat
Taqlid qoul mu’tamad was-was kabingungan
iku angel utama taqlid qoul dhoifan
ora was-was to’at dalem kebatinan
iku bener wongnggawan milik sah gampangan.
Tinimbang sangking wong kang podo milih utomo
kang tinemu angel satengah qoul ‘ulomo
Tan bisa ngamal bener angomo
Ngibadate temah ora sah tan katarimo.
Terkadang wajib taqlid qoul dhoifan
Sebab tentu hasile fardlu lingkonan
Taqlid ing mu’tamad tan tinemu kebenaran
Sebab tan kuoso bener wus kinawaruhan.
Mu’tamade mukaronah niat weruho
Kang tinemu sah dingamal sinejoho
Angel lan gampang hasil miliho
Ikilah waride ngulomo ahli fukoho.
Utawi aqul kang mu’tamad kinawaruhan
Satuhune hadire ati kewajiban
Yoiku qosod lan ta’ayun kasartanan
Lan niyat fardlu mungguh sandingan
Endi jusse satengah sangking sekehe
Jus takbirotul ikhrom perenahe
Ikulah mu’tamade parenge niat manahe.
Kaduwe wong kang biasa muqoronahe.
Lamon gholibe sekeh wong bodo ngawam
Ing muqoronahe niat sah during faham
Moko takono ing wong ngerti agamo islam
Sifate ngadil netepi wajib tinggal haram
Utawi sekeh kang batalaken tinamune
Ingdalem sholat iku sapuluh parkarane
Kang dihin iku hados gede anane
Atowo cilik dimoho atowo lali atine
Kapindo katiban najis lan kemaafan
Ora di ilangken temuli linakonon
Kaping tlu kabuko ngurat tan nuli katutupan
Kaping pat iku neyngojo rerasanan.
Utawi penggawe akeh-akeh anane
koyo tumindak telung tindak lakune
Atawa mukul telung pukulan nuline
Tuwin lumimpat sapisan sanget tinamune.
Kaping lima memangan atawa nginum linakonan
Kaping nem mungkur saking qiblat kinawaruhan
Sendayan kedik ngiwas dada kenyataan
kaping pitu owah niate ning kebatinan.
Kaping wolu gemuyu tawin nagis damune
Tuwin ngarintih utowo dehem nengajane
Anging tan batol dehem ono kongudzurane
Maca fatihah tuwin tahiyat kewajibane.
Kaping sanga megotaken satengah rukun sholat
Durung sampurna hade ing ndalem syarat
Sapuluh muwuhi fardhu liyane tahiyat
Fatihah ikulah wus genep batole sholat
Tan keno ora wajibe jum;ah weruho
Ikilah dalil kalam ngulama diretiho
Utawi shalat jum’ah kinawaruhan
Yaiku fardhu ain ning sharak panggeran
Tetkolo kumpul sekeh syarat jum’ahan
Lamun tan pepek syarat moko tan kewajiban
Ora dosa tinggal jum’ah sholat
Sabeb nyatane kurang kang dadi syarat
Pada doso wong kang taksir umi lepat
Tan ngupaya ing benere fatihah tahiyat.
Lan dosa wongkang dadi perintah ketaksian
Tan merdi ing parintahe ono penguasan
Akon ngupayasekeh syarat jum’ah kapepekan
Lan doso ngalim tan mulang mg kabodohan
Luwih pada dowo dosa gede maksiyat
Taksir maho batolan jumlah kurang syarat
Nguyupane pepek rukun syarat tan hajat
Nyono sah anut ngadat tan gugu syariat.
Sekeh syarat sholatjum’ah kewajibane
Iku pitung parkoro tinemu wilangane
Kandihin Islam tan wajib kafir asline
Tetapi senekso tinggal kewajibane.
Kapindo ngakil tan wajib sholat jum’ahan
Wong ilang awole sabeb edan tuwin ayan
Kaping telu baliq tan wajib karerean
Kaping pat lanjang tan wajib wadon jum’ahan
Kaping limo merdiko tan wajib kawulane
Kaping nem wong kuwarasan tinmune
Tan wajib wong loro dhoir tuwin batine
Kaping pitu muqim dalem ati nejane
Nginep patang dino gon kewajiban
Sarta jenengkan jum’ah wong sah lingkonan
tan wajib jum’ah wong musafir lelungan t
uwin muqim tan wajib jum’ah panggonan
Tuwin wajib tan jum;ah ngangkat
Tuwin podo ngangkat arosah kurang syarat
Iku tan wajib wong muqim jum’ah sholat
Dadiyo muqim mustauti di hajat.
Pan yo ugo tan wajib jum’ahan
Sabeb tan nano kancane wilangan
Kang tinemu sah jum’ah syarat kapepekan.
Tan dosa kaduwe wong tan kataksiran.
Tinggal sholat jum’ah sabeb ngudzur
Koyo wicarane ngarep wis tinutur
Pada doso kaduwe wong taksir mungkur
Wajibe temuli sarirane tan milahur
Wong negoro anane tuwen wong padukuhan
Ono saking wong patng puluh pomahan
Iku fardhu ain fsholat jum’ahan
Wajibe nuli pepek syarat hingulatan
Ora sah wong podo solat jum’ah ngangkat
Naliko durung fpepedk kang dadi rukun syarat
Tertapi kang wes kelaku anot ing adat
Podo kumpulan jum’ah batalan sholat
Kalunto taksir tan binahu kacukupan
Pepete syarat sah moho tang ingulatan
Ngalim lan bodo taksir awur-awuran
Iku wong maksiyat aling-alingan jum’ahan
Fardhu ain temuli ngupoyo dihajat
Kang dadi pepek syarat jum’ah sholat
Fardhune jum’ah khutbah roro di angkat
Nuli gawe sholat jum’ah rong rekaat
Utawi sekeh syarat shelat jum’ahan
Iku limolas parkoro wewilangan
Kandihin islam ora sah wong kakufuran
Kapindo tamziz pinter kenadloran
Ora sah wong kang tan duwe aqal jujur
Kaping telu weruh kaifiyat fardhu tinutur
Ora sah bodo taksir moho ngawur
Kaping pat ojo nekodaken sunat milahur
Ing parentahe syara’ wajib panggeran
Ora sah fardhu di tekodaken kasunatan
Kaping limo panjinge wektu ginawaruhan
Ora sah awur-awuran tinakonan
Kaping nem nutupi ngurat kulit warnane
Ora sah kabuko ngurat nyengajane
Kaping pitu madep ing qiblat dadane
Ora sah ngiwas saking ka’bah kebenerane
Kaping wolu suci badane kinawaruhan
Saking hadas gedhe lan cilik kenyataan
Ora sah wong hadas solat tan kangudhuran
Kaping songo suci badan dhodhot panggonan
Saking najis tan ma’af pepanggeran
Ora sah serta najis tan kangudurane
Kaping sepuluh sarat sah jam’ah lakune
Arep ono wektu dhuhur tunibane
Ora sah wong jum’ah wektune kabodohan
Kaping sewelas arep ono gon pomahan
Ora sah ning oro-oro solat jum’ahan
Kaping rolas tan kedinginan ikhroman
Tuwin kabeberan jum’ah siji gon tan ngudzur
Ora sah kedinginan ikhrom tinutur
Kaping telulas berjama’ah bercampur
Ora sah dewe-dewe jum’ah milahur
Kaping pat belas wong patang puluh kumpulan
Ngakil, baliq, lanang merdiko omah-omahan
Podo nunggal siji gon kewajiban
Tan ngalih rendeng katigo anging kasukeran
Ora sah wong jum’ahan wilangane kurang
Kaworan rare tuwin wong aqole ilang
Tuwin wong wadon tuwin musafir kawilang
Kang ora omah-omah nyoto kesawang
Kaping limolas dinginaken khutbah kalihan
Ura sah dinginaken sholat jum’ahan
Ngereaken hutbah roro linakonan
Ikulah syarate sah jum’ah wong kapepekan
tinemu ora sah jum’ah wong patang puluh
kaworan wong siji syarat sah tan weruh
taksir melu wilangan jum’ah rusuh
iku wong jum’ah bebatalan kalungguhan
Nyoto ora sah jum’ah umi kaworan
Taksir podo moho batolan jum’ahan
Tan ngawaruhi ing sahe kang dadi wilangan
Ikilah kalam ngulomo arep rinetenan
Lan lamun ono sekabehe wilangan
Wong patang puluh beloko sinejo jum’ahan
Lan ing jerune wong iku kabeh kaworan
Wong umi kalebu wong patng puluh ingitungan
Kang partela taqsir ning bindhu Fatimah
lan sekehe waranan kana wajib linampah
Sebabe umi kurang teman umi pengarh.
Binahu pepeke syarate sehah.
Mongko ora sah jum’ahe sakabehan.
Karono Batal solate umi kataksiran
Mongko kurang wongiku kabeh wilangan.
Wong patang puluh wus nyata kinawaruhan.
Mengko lamun tan taqsir wongiku umine
Lan imam qori’ bener sah wacane
mongko sah jum’ahe wong sekabehane
koyoto lamun ono umi sekabeh willangane
Liyane imam iku sah sekabehan.
Ing dalem derajat sawisi kanunggalan
Kang ora taksir kabeh kinawaruhan
Ing dalem binahune nyata tinemenan.
Pada amrih kabeh ing wacana jujur
lan kang dadi pepeke syarat ngambil pitutor
lan imame qori bener wairan ngawur.
Ikulah san jumane wong kabhe percampur
Tetapi kang wis kelaku taqsir ghoiiban.
Pada jum’ah akeh umi ginawe wilangan
kang dad cukupe syaratantan kawulanaan
Akeh ngaiim gholib tan memulang kataqsiran.
Muhung nuruti ing kekarepane negoro
Tan Gugu Anut sabenere syarat’wicoro
syahadat ngibadat islame puro-puro
Ikulah wong kafir munafek ketora
Lan lamun ono sekabehe wilangan
Wong patang puluh beloko sinejo jum’ahan
Lan ing jerune wong iku kabeh kaworan
Wong umi kalebu wong patng puluh ingitungan
Kang partela taqsir ning bindhu Fatimah
lan sekehe waranan kana wajib linampah
Sebabe umi kurang teman umi pengarh.
Binahu pepeke syarate sehah.
Mongko ora sah jum’ahe sakabehan.
Karono Batal solate umi kataksiran
Mongko kurang wongiku kabeh wilangan.
Wong patang puluh wus nyata kinawaruhan.
Mengko lamun tan taqsir wongiku umine
Lan imam qori’ bener sah wacane
mongko sah jum’ahe wong sekabehane
koyoto lamun ono umi sekabeh willangane
Liyane imam iku sah sekabehan.
Ing dalem derajat sawisi kanunggalan
Kang ora taksir kabeh kinawaruhan
Ing dalem binahune nyata tinemenan.
Pada amrih kabeh ing wacana jujur
lan kang dadi pepeke syarat ngambil pitutor
lan imame qori bener wairan ngawur.
Ikulah san jumane wong kabhe percampur
Tetapi kang wis kelaku taqsir ghoiiban.
Pada jum’ah akeh umi ginawe wilangan
kang dad cukupe syaratantan kawulanaan
Akeh ngaiim gholib tan memulang kataqsiran.
Muhung nuruti ing kekarepane negoro
Tan Gugu Anut sabenere syarat’wicoro
syahadat ngibadat islame puro-puro
Ikulah wong kafir munafek ketora
Utawi taqlid anut khobare pitwane
Satengah sakeng ngulomo sekabehane
iku wajib kaduwe wangikune.
Nejo to’at ing Allah sah satemene
Lan tan wenang harom orasah ngamal.
Wangiku taqlid anut kawical.
Kelawan penggawene setengah ngalim kabeh kawedal
Lamun di ngamal mongko to’ate moho batal
Teqode lan ngibadate tan sihah.
Kaduwe wong taqlid ningali ing partingkah
Lakune ngaim kang ditut dhoir lampah
Kalunto-lunto batolan solat Jum’ah.
Nyono sah jum’ah awur-awuran kawilang
Tan ngambil pitwane ngalim ngadil kang mulang
Iku taqsir harom batholan jum’ah sembahhyan
Jazemaken sah atine tan nganggo mamang
Opo patut jazemaken sah wong sholat
Ing hale taqsir nyoto kurang syarat
Uga orasah kurang syarat wong syahadat
Nyono sah anut ngadat tinggal syarengat
Lir jazeme kafir nasoro kataqsiran
Jazemaken iktikod ati dadi kekufuran
Nekodaken ing anane tetelu pangeran
Jazeme palasifah kufur ing ngenggonan
Ngalam ing ngalam kodim tan tobat jujur
Ning saiki zaman akeh wong jazem ngawur
Ngucap sah jumah saking pepeke syarat mungkur
Tan nggugu ing kangjeng syarengat pitutur
Sekeh ruku hotbah roro lima wilangane
Kangdihin moco Alhamdulillah ning wiwitane
Kapindo moco sholawat nabi tinamune
Kapingtelu wasiyat akon wedi ing pangerane
Iku rukun telu hotbah roro kewajiban
Kapingpat moco Qur’an salah siji panggonan
Tetapi utama winoco hutbah wiwitan
Kaping lima maca dunga hutbah wekasan
Kaduwe wong mukmin tentu dongane
Rukun lan syarat hotbah wajib nyatane
Ngawaruhi kaduwe wong kang sholat tinamune
Ing jum’ah dadiya ora hotbah lakune
Pon wajib ngaweruhi aja kataksiran
Kerono sholate jumah persambetan
Koyo wajibe ngaweruhi ing imam panutan
Lan ngaweruhi ing sekeh kancane wilangan
Partelo orasah wong ngibad atngawur
Pepeke syarat sah meksih ono kasingkur
Fatihah tahyat kiblat golip tan jujur
Akeh ngalim gofil taksir tinggal pitutur
Sekeh sarat sah hotbah roro linakonan
Iku sangang parkoro tinemu wilangan
Salah sawijine ngadek kuwoso kinaweruhan
Kapindo hotbah roro boso ngarop wacanan
Kaping telu hotabh roro lingsir wektune
Kapingpat lenggah antarane hotbah rorone
Kelawan tumakninah meneng sekodat tinamune
Kaping lima nyeroaken suworo wacara
Sekiro ngerungu wong kang sah dadi wilangan
Ing wacan hotbah sekeh rukun kinawaruhan
Kapingnem muwalat antarane hotbah kalihan
Lan antarane kalimahe tan kandek wacanan
Kaping pitu suci hadas lan kenajisane
Badane lan dodote lan panggonane
Kapingwolu nutupi ngurat kulit warnane
Kapingsongo ndinginaken hotbah karone
Ngereaken saking solat jumah linakonan
Nyoto wajib ngilmu syarat kinaweruhan
Kaya sekeh wajibe ngibadah ing pangeren
Ora sah tongat siji syarat katinggalan
Kang wus kinaweruhan oranana kangudzurane
Iku wus sareh ning syarak panggerane
Wus ana kasebut ngarep partelane
Arep iling ing iki tarojumah wicarane
Tinemu ora sah wng kumpul jumah panggonan
Luwih akeh wong patangpuluh kekumpulan
Tan nono tentune wong kang dadi sah wilangan
Wong patang puluh sahe tan kinaweruhan
Dene wong tsikoh weruh ing jumah kaifiyat
Anekseni ingkang sah jumah pepek syarat
Ikulah nyoto orasah jumah sholat
Muhung anut ngadat tinggal sarengat
Partelo sah wong papat sholat jumahan
Taqlid qoule syafingi dhongif kinaweruhan
Kawilang anut ing syarengat panggeran
Ora tinemu taqsir moho kabododan
Sayugiyo koule imam syafingi dihajat
Murih sahe jumah agawe sholat
Telu koule syafingi wilangan jumah ngangkat
Muktamat koul jaded wilangan muwafakot
Kolo ning negoro mesir aweh pituturan
Sahe jumah wong patang puluh wilangan
Koul roro kodim ning baghdat kinaweruhan
Salah sawijine sah rolas jumahan
Kapindo ngesahaken sholat jumah
Wong papapat podo sah sholate kagenah
Ugo mepeki syarate ngarep winarah
Ikulah sah koul dzongngif dingamal ngibadah
Lamon wus podo weruh ing lakune wong anut
Ing koule imam syafingi wus kasebut
Mongko ingkang iku nyoto sah patut
Dadiyo dzongif koule syafingi kang ditut
Pon sah ugo ning syarak panggerane
Tetapi arep weruh ing ngilmu wicarane
Kerono ngilmu syarakk dadi syarat lakune
Ingdalem amrih sah ngibadat tinamune
Nafine syarat nafi masrut ngibadat
Orasah janjine indalem syaringat
Kang ora nono nguzdur ora dhorurot
Kawilang anot benere syara’ dihajat
Engatase wong teklid ing koule ngulomo
Kelewan anut kang mu’tamad iku somo
Ikulah ning syara’ arep asih narimo
Ikilah dalel kalam ngulomo pinanggih
Wenang sah nejo ngamalaken kabeneran
Kelawan koule ngulomo dhongif hukuman
Sebeb nejo kabecikan sah linakonan
Dalem hake dewe sarirane kinawaruhan
Utawi kerono muslikhat ing wong liyane
Bongso agomo tuwin donyo kawenangane
Ora wenang ingdalem ngukumi lakune
Ing wong poro padu berkonco temahane
Lan tan wenang malih aweh petwo milahor
Ing wong liyane sarat itlak pitutur
Ora harom lamon nutur dhongife mashur
Ikulah panggerane syara’ kang jujur
Wajib ngawaruhi sekeh syarat ma’mum
Orasah tekser bodo tan maklum
Anut umbyung ing wong tan mafhum
Moho nasar tan weruh ing syara’ hukum
Sekeh syarat sah ma’mum partelane
Iku rolas perkoro tinemu wilangane
Kang pitu matlup ma’mum sarirane
Kang lelimo matlup imam kelakuhane
Ugo syarat sah sima’mum linakonan
Kang dihin matlum ma’mum wilangan
Ojo dingini sakeng adeke imam panggonan
Ing tukake arep tinemu tiningalan
Kapindo ngawaruhi ing imam lakune
Pengalihe dalem ruku’ lan sujud anane
Lan saupamane karone tinamune
Kaping telu kumpul imam ma’mum nggone
Ojo luweh telungatos asto kadohan
Kapingpat niyate ati ing imam anutan
Kapinglimo muafakote ing kelakuhan
Solate imam orasah kinawaruhan
Ngasor ing wong nyalataken mayit anot
Iku seloyo ma’mum lan imam kasebot
Ikulah panggerane syara’ arep emut
Ngambel pitwane ngalem ngadel patut
Kapingnem muafakotno ing sunah lakune
Ojo banget sakeng imam selayane
Kapingpitu ngari takbirotul ikhrom anane
Sawuse takbire imam sampornane
Utawi syarat limo matlup imam ditot
Yo kangdihen sah solate imam kasebut
Ingdalem ei’tekote ma’mum tan luput
Kapindo imam iku dudu wong anut
Mungfarit anane tuwin imam nyatane
Kapingtelu solate imam tinamune
Tan wajib muadah kasolatane
Kapingpat tan umi imam wewacane
Teksir umine tuwen ono kangudzuran
Sima’mum kori’ bener sah wacane
Indalem fatikhah tuwen ayat Qur’an
Orasah maleh umi mareng umi anutan
Kang suloyo umine sakeh huruf wacane
Kaping limo imam iku wong lanang nyatane
Lamon ma’mum lanang lan khunsa tinamune
Ikulah wos genep rolas wilangane
Utawi wong dadi imam solat panutan
Iku niyate ora tinemu kewajiban
Ingdalem ati nejo dadi imam ingenggonan
Liyane imam solat jum’ah kinaweruhan
Iku jum’ah wajib niyat dadi imam milahur
Diparengaken ning takbirotul ihrom jujur
Koyo dene tan wajibe ma’mum tan jujur
Marengaken niyat neng takbirotul ihrom becampor
Liyane solat jum’ah ngarep partelane
Sah niyat ma’mum solat nggone
Ikulah arep weroh ing syara’ panggerane
Ojo tekser bodo bebatolan lakune
Tanbihun 4
Tanbihon harom wong dadi parintah tinutur
Ajenengaken ing imam pasek ngelantur
Dadi panutane wong solat pinilahur
Luweh akeh kharom wong podo gawe luhur
Lan kharom wong ahli kabecikan anutan
Ing imam pasek tan nono kangudzuran
Ikulah imam pasik gawe rusuhan
Ngrusak ing ukarane syara’ pernatan
Ora ngudzur ora ndorurot pinanggih
Wong podo ma’mum kharom memilih
Solat anut ing imam fasik ginasih
Ikilah kalam ngulomo ahli fiqih
Lan kharom atas wong ahli solih jujur
Lan wong ahli kabecikan darojat luhur
Solat anot ning burine milahor
Kang dadi imam pasik hino tinuttor
Lan imam wong bidngah sasar kadosan
Lan saupamane karone olo kahinaan
Kerono satuhune iku kelakuhan
Ananggung ing manuso atas kesalahan
Dadi mbeciaken penyanane wong atine
Ing imam pasik dadi panutane
Kelawan sebeb ono wong anot nyatane
Wong iku kabeh temahane anot alane
Mareng wong pasik becik ingaranan
Tandane ditut dene wong kabecikan
Dadi akeh wong anot ing wong kefasikan
Tinemu anane kodzi pasik panutan
Nyoto akeh wong anut ing ngalim pasik
Ngilmu sabenere syara’panutan ditampik
Anut bid’ah sasar di nyono becik
Podo khusnudon ing kafir munafik
Wong ngibadah tekser batolan kharom
Tan ngupoyo pepeke rukun syarat sah dawam
Ikulah akeh maksiate wong ngawam
Moho tinggal penatane agomo islam
Tinemu satengah wong ngalem aweh pitwo
Angesahaken ing solate wong jowo
Kang partelo pepeke syarat sah tan gegowo
Iku wong Brayan sasar anot howo
Wong bid’ah pasik akeh podo dadi imam
Panutane solate sekeh wong dadi ngawam
Tan taslim ing parentahe agomo islam
Di engetaken tan nejo sah tobat dawam
Wajib mukalaf atas kifayah kinawaruhan
Ingdalem mayit atas papat wilangan
Liyane wong mati syahid kendzohiran
Ngedusi ngulesi nyalataken linakonan
Mendem tan di dusi tan solat tinamune
Engatase wong mati syahid nyatane
Lan rare runtuh saking biyang wetengane
Durung teko nem wulan tan samporno rupane
Anging lamon ana ngalamate kahurpan
Wus sampurna manungsa sababe kedadehan
Iku kaya wong tuwa anane kewajiban
Iku arep eling ing patang perkaran
Wetengan nem wulan rare metu saking biyang
Tan nana ngalamate kahuripan kesawang
Iku wajibe kaya wong tuwa kawilang
Khilaf mungguh seh ibnu hajar memulang
Ana koule seh ibnu hajar pituturan
Rare lanang mati kulu najis kangudzuran
Iku didusi tayamum kasartanan
Nuli ingulesan sembahyang kewajiban
Koule seh zamali didusi tinamune
Tan tayamum ora sah hukumane
Sabab nanggung najis tan ngudzur anane
Harom kasambahyangan tan wajib nyatane
Iku rare lanang mati kulub tan kabuki
Lamon kena kabuki mongko sampurna ika
Didusi diulesi kasembahyangan uga
Iku wicara wus partela belaka
Rare runtuh matu kurang nem wulan
Lamon wus rupa manusa kasampurnan
Mongko wajib negdusi laningulesan
Kapendem ora wajib kasembahyangan
Lamon durung ana manungsa nyoto rupane
Mongko sunat ingulesan kapendemane
Iku wus partela wicara ngilmune
Dadiya sebeb sah pengambilane
Utawi sekeh fardlu dalem sholat
Atas mayit kang nejo bener dihajat
Iku pitung parkoro rerukune dihimat
Kangdihin ngadek lamon tinemu kuwat
Kapindo niyat nyataaken ing fardlune
Niyat isun ing sembahyang mayit fardhune
Iku niyat sekodar cukup kewajibane
Kapingtelu takbir kapingpat wewilangane
Kapingpat iku fatihah bener wewacanan
Ngiringi takbir kang awal wus kinaweruhan
Kapinglima maca solawat linakonan
Ngiringi takbir kapindo lineksenan
Kapingnem maca dunga kedik tinemune
Atas mayit Allohummaghfirlahu wicarane
Ngiringi takbir kang kapingtelu nyatane
Kaping pitu rukun kapindo partelane
Iku arep maca salam dingin milahur
Angiringi takbir kang kapingpat tinutur
Haram nyalataken mayit ngilmune ngawur
Kaya kang kelaku ngawam tan jujur
Lan gugur fardune wus kinaweruhan
Nyembahyangaken mayit wong siji kacukupan
Wong lanang lan senden rare tamyizan
Kang pada sah solate sarat kapepekan
Ora gugur cukup fardune sembahyang
Ikilah dalil kalam ngulama neh sawang
Iya bener sah anging lamon ana wong lanang
Utawa akeh wong lanang hadir kawilang
Wongkang katetepan ing wongiku sembahyang
Kodo mubadaroh mongko yaiku kawilang
Kaya oranana wong nyalataken tinutur
Dalem barangkang dhohir ngulama mashur
Maka merkaraaken ngulama ing fardu jujur
Atas wong wadon sembahyang milahur
Atas mayit lan gugur kacukupan
Kelawan penggawene wong wadonan
Sebeb sepi wong lanang kang kabeneran
Kaya wicarane ngarep kapartelanan
Haram nyalataken atas mayit kafir lah
Ikulah dalil kalam ngulama memarah
Lan haram nyembahyangaken nejo linakonan
Atas mayit kafir kerono kinaweruhan
Haram nyuwun ing Allah pangapuran
Kaduwe wong kafir mati tan nana iman
Ikulah arep ngaweruhi hake wong ngawam
Ingdalem hokum syarak agama islam
Nyata nyataaken mayit kafir iku haram
Ikilah dalil qur’an arep paham
Lan aja nyembahyangaken sira linakonan
Atas wong sawiji salah kinaweruhan
Satengah saking wongiku sekabehan
Mat selawas lawase tan kinawaruhan
Ikulah wong kafir mati upamane
Lan aja jenengaken sira tinamune
Ziyarah atas kubure satuhune
Wongiku kabeh kafir sekabehane
Tan ngistoaken ing Allah lan utusan
Lan nuli pada mati kabeh tan kataubatan
Ing hale wongiku kabeh kepasikan
Duraka kufur kabeh tan kataubatan
Ikulah haram orasah dihajat
Sembahyang atas mayit kafir laknat
Kekel urip ning neroko banget medlarat
Tan tinemu matine nyawane kapecatan
Nyata haram nyuwun ing Allah pengapurane
Kaduwe wong kafir lir ngarep partelane
Ngalindunga ing Allah saking fitnah dunyane
Ikilah dalil qur’an dipaham retine
Oranana kaduwe nabi lan sekabehan
Wong mukmin kabeh wus kinaweruhan
Yen pada nyuwuna ngapura ing pangeran
Mukmin kabeh kaduwe masyhur sekabehan
Kang pada kufur kabeh oranana taubat
Lan senadiyan anaha kabeh kahimat
Kaduwe mukmin sanak parek amrih manfangat
Pon haram nyuwunaken dihajat
Ing Allah pangapura saking gede kadosan
Saking sawuse barangkang nyata kekufuran
Kaduwe wongiku kabeh kinaweruhan
Satuhune wongiku kabeh kacilakan
Anduweni neraka jahim banget medlarat
Kekel urip nyawane tan kapecat
Ikulah mukalaf arep tinemu taubat
Kang pada syahadat solat kurang syarat
Ikulah wong kafir cilakane cilaka
Syahadat ngibadat karena dunya belaka
Tan ngistoaken jazem ing Allah pangandikan
Cinawisan kekel urip ning neraka
*) Syaikhina H. Ahmad Rifa’i Ibni Muhammad.
Muhibbin Abuya Z Abidin
K. MUCHOROENI BIN KH M ZAENURI
red: Al Aris
TARAJUMAH Kitab Ri’ayah Awwal *)





